Kelangan Wedang, Kelingan Kendhi
Aku kelangan wedang. Saya suwe
saya angel golek legen, banyu tebu, wedang cara, wedang blung, wedang rondhe,
wedang alang-alang, wedang jahe, wedang kopi, wedang teh, lan sapanunggalane.
Yen ta bisa mrangguli kanthi gampang, wujude wis dikemas dening pabrik kanthi
cara instan, sakdek-saknyet.
"Gampang, gak prelu kangelan," ujare Kluprut. Wedang
ngilang mbaka sithik mbarengi saka manca gumrujuk inuman sing katelah soft-drink, minuman ringan. Banjur mlebu inuman kanggo nambah daya kekuwatane awak.
Ana uga merek lokal, sing jare bisa nambah greng, nambah jos. Embuh apa sing
greng, apa sing jos. Rasa kelangan rada kalipur nalika ana sing gawe teh botol.
Teh botol (banjur teh kothak) kuwi wujud nyata daya pangripta sing ora gampang
kegiles kapitalisme global.
Kelangan wedang, aku banjur kelingan banyu kendhi. Nanging rasa
kelangan malah ndandra, ngambra-ambra. Saiki, kendhi uga langka, kesingkir,
kesingkur. Amarga saiki sapa wae lan ing ngendi wae padha gawe sumur bor, murih
gampang gawe banyu mineral lan banyu isi ulang. Ora mligi tumrape wong kutha,
ing padesan
uga wis lulut manut ngombe banyu mineral utawa banyu isi ulang.
Sendhang, belik, tuk, sumber banyu saya asat. Ora kopen. Kita bakal kelangan
kendhi, bakal kelangan banyu kendhi. Mula kanthi blakasuta, thokleh, aku gawe
palagan: mungsuh swastanisasi banyu. Lan, kuwi dakwujudake kanthi laku nyata:
ora tuku lan ngombe
banyu mineral sing dikemas. Aku milih ngombe banyu kendhi. Neng
ngendi lan kapan wae, yen disuguh banyu mineral ora bakal dak-ombe, ora bakal
dakgape. Malah kepara sing nyuguh dak-ece: apa ora kuwat tuku kendhi? Apa rumangsa
kelangan drajat amarga ngombe banyu kendhi? Kerep wae nalika jejagongan dak-enggo
srana promosi kendhi lan banyu kendhi. "Halah! Ya, pilih tuku lan ngombe
banyu mineral. Murah, gampang, praktis, lan sehat. Hari gini, jaman moderen,
kok dhemen kangelan," celathune Kluprut karo cengengesan. Banyu mineral
pancen murah. Ngombe banyu mineral pancen gampang, ora prelu kangelan. Nanging
apa ya mengkono satemene sing kudu kedadeyan?
Biyen, dhek cilik, kuwajibanku ngisi kendhi sing cumawis
sanjabane pager ngarep omah. Sapa wae wong liwat sing ngelak, bisa ngombe banyu
kendhi kuwi. Lan, kluwarga sing nyawisake kendhi kaya ngono kuwi dudu amung kulawargaku.
Meh saben omah pinggir dalan nyawisake banyu kendhi. Saiki, sapa sing isih
gelem kangelan nyawisake banyu kendhi? Sapa sing isih gelem kangelan ngombe
banyu kendhi? Kamangka sapa wae sing kanthi sadhar ngombe banyu kendhi ing
saben dinane, pawongan kuwi wis milih: mehak wong cilik, asah-asih-asuh marang
Ibu Pertiwi. Banyu kendhi wujud nyata manunggaling banyu lan lemah, tanah-air.
Kendhi simbul usaha ekonomi rakyat.
Ngopeni Banyu
Mula, sapa gelem ngombe banyu kendhi, samesthine uga gelem
ngopeni sumbering banyu, sumbering panguripan: sendhang, kali, sumur, belik,
tuk, lan sapanunggale. Sabanjure uga bakal duwe kawigaten marang wit-witan,
tetanduran, tetanen, tundhane marang lestarining alam. Duwe kesadharan ekologis,
duwe kesadharan marang pangrembakane ekonomi kerakyatan. Apa maneh yen
ngelingi: banyu minangka kaskayaning nagara sing kudu kaolah lan kagunakake
murih kasampurnaning urip sapepadha. Ora kena dihaki dening pribadipribadi.
Wondene, nyata-nyata, pamarentah wis ngedol banyu marang pribadi
sing duwe modhal gedhe, kapitalis. Kuwi pehak sing iwut golek bathi sing akeh
lan luwih akeh maneh, nyugihake diri pribadi, tinimbang ngopeni sumber banyu,
ngopeni wit-witan, ngopeni alam. "Halah, ora usah sok pahlawan!"
grenengane Kluprut karo mbesengut. "Wong nyatane para priyagung, sarjana
sujana, nayaka praja, padha ora nggagas bisa apa ora marisake alam sing endah
marang anak-putu. Nyatane apa wae wis didol, sapa wae wis dodolan."
Tanpa nggape Kluprut, aku maca alonalon murih rumesep ing ati,
tumancep ing pikir "Sajak Tikar Plastik Tikar Pandan".puisi kuwi
kaanggit April 1988 dening Widji Thukul, kanca lawas sing durung kadenangan papan
panggonan lan pawongane nganti dina iki sawise diculik sadurunge taun 1998.
tikar plastik tikar pandan
kita duduk berhadapan
tikar plastik tikar pandan
lambang dua kekuatan
plastik bikinan pabrik
tikar pandan dianyam tangan
plastik makin mendesak
tikar pandan bertahan
kalian duduk di mana?
Para sedulur, ayo lungguh klasa pandhan, jejagongan kanthi
suguhan banyu kendhi lan grontol, kaerut, utawa gedhang goreng minangka
nyamikan. Sakwise kelangan wedang, aku ora kepengin kelangan banyu kendhi, ora
kepengin kelangan klasa pandhan.
(51)
- Awangun Busandi Suto, Suara Merdeka Semarang 16092012